Wayang kulit
Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang
kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca Winisuda.
Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang
mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana
sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa.
Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé
wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa,
nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah
Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Wayang kulit dilakokaké ing layar
putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog
ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan
kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni
déning UNESCO
ing tanggal 7 November
2003, dadi karya kabudayan
kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece
of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun
supaya Indonesia
njaga (preserve) warisan kuwi.[1]
Wayang iki ora mung sumebar ing
Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah
Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging
wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan
liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta
lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran
uga kondhang ing tlatahé dhéwé.Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
Karakteristik paraga wayang
Wangun irung:
- Irung Walimiring:
Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan
kabangsawanan, tuladha: Arjuna, Samba,
Kresna.
- Irung Pelokan: Kaya
wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan
kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
- Irung Pagotan: kanthi
cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit,
Radèn Kangsa.
- Irung Bentulan:
Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
- Irung Bruton:
Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
- Irung Sumpel:
Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
- Irung Térong:
Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
- Irung Cempaluk:
Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
- Irung Pèsèkan:
Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung,
Wanara.
Lambé lan garis cangkem
- Cangkem Domis: Wangun
cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
- Cangkem Gusèn:
Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
- Cangem Ngablak:
Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati
Tlapukan
- Mata Gabahan: Awangun
wulir beras. Matané para ksatriya.
- Mata Kedhelèn:
Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
- Mata kedhondhongan:
Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
- Mata Pelengan:
Nggambaraké karakter kejem, Indrajid
lan Kangsa.
- Mata Penanggal 1:
Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya.
Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
- Mata Kolikan:
Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
- Mata Plolo:
Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.
Uba Rampé pakeliran
Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit
merlokaké piranti ya iku antara liya:
Cempala
|
:
|
thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing
lakon.
|
:
|
layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.
|
|
Bléncong
|
:
|
Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané
senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
|
Kepyak
|
:
|
digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.
|
Kothak
|
:
|
wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
|
Gedebog/debog
|
:
|
kanggo tancepan wayang.
|
:
|
kanggo ngiringi pagelaran.
|
Simpingan
Akehe wayang ing kothak ora padha
ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang
nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan
kiwa, ana uga kang ing njero kothak.
Simpingan Kiwa
Ing antarané kang ditata ana ing
sisih kiwa yaiku:
Simpingan Tengen
Kang ditata ing sisih tengen
diwiwiti saka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi nganggo wayang
bayen.
Wayang Dhudahan
Wayang dhudahan yaiku wayang kang
ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak. Biasane wayang
dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone
wayang dhudahan :1. Dhudahan Kurawa
- Patih Sengkuni
- Pandhita Durna
- Burisrawa
- Dursasana
- Kartamarma
- Jayadrata
- Durmagati, Durgempa,
Durmuka, lan sapiturute
- Aswatama
- Citraksa
- Citraksi
- Begawan Abiyasa
- Begawan
Sempani/Sapwani
- Resi Wisrawa
- Begawan Wilwuk
- Nagaraja
- Anantaboga
- Badawangananala
4. Dhudahan Panakawan
5. Dhudahan Keparak
6. Dhudahan Prajurit
- Patih Udawa
- Druwajaya
- Pragota
- Prabawa
- Patih Tuhayata
- Patih Saragupita
- Patih Adimanggala
- Patih Sabrangan
- Ampyak/Prampogan
- Wisata lan Wilmuka
- Demang
Sarapadha/Cekruktuna
- Wadyabala Buta
Pringgodani (Kalabendana, lsp)
- Wadyabala Buta
Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
- Wadyabala Buta
Kajiman/Bajulbarat
- Wayang Setanan
- Prajurit Kethek
Tambak
- Anila
- Anggada
- Jembawan
- Trigangga/Triyangga
- Kapi Anggeni
- Kapi Indrajanu
- Kapi Suwida
- Kapi Pramujabahu
- Kapi Kingkin
- Kapi
Warjita/Cacingkanil
- Kapi Janulen
- Kapi Menda
- Kapi Cucak Rawun
- Kapi Saraba
- Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
- Banteng (Andhaka)
- Macam (Simo/Sardhula)
- Ula (Sarpa/Taksaka)
- Celeng (wraha)
- Garudha
- Kidhang
- Landhak
- Jaran (Kudha)
- Kreta Kencana
- Maneka warna gegaman
(Gadha, keris, jemparing, lsp)