MEH
BAE, GEGER KU GESENG
Mbiyen, umurku esih 8 taun. Aku duwe
batir sebrayan jenenge, Afi, Wulan, Sekar, Dani, Adit lan Dea. Aku karo
batir-batirku iku angger dolan neng kebone Mbah ku dewek. Angger wis nang
kebon, ana bae sing gawe masalah. Ana sing ngrusaki tanduran budin, ana sing
penekan neng wit jambu la nana sing mbakari runtah godong garing. Mbah ku wis
ngandani, angger lagi panas-panas aja mbakari godong garing nang kebon mbokan
kebone kebakaran.
Lah, jenenge bae bocah cilik dikandani
angger dereng di gentak nang wong tuwane dewek ya pada ra peduli. Dina kuwi
dina Setu sore, aku lan kanca-kancaku niate arep dolanan obong-obongan nang
kebon. Nanging batirku sing jenenge Wulan ngandani, angger arep dolanan
obong-obangan aku kon njaluk ijin disit karo Mbah ku. Sedurunge, aku ora gelem,
aku wedi mbokan di domeih karo Mbah ku. Nanging batirku liyane meksa aku kon
njaluk ijin, akhire aku gelem.
Pas wis gutul nang ngarep lawang umah
Mbahku, aku ora wani aku gemeteran meh bae aku ngompol. Akhire Mbah ku ndeleng
aku sing lagi nang njaba umah, Mbah ku takon “Ono opo toh, ndo? Ora kaya
biasane koe ming umah Mbah mu?”. Akhire aku nerangna angger aku arep njaluk
ijin dolanan obong-obongan nang kebon. Mbah ku ngandani aku “Ndo, koe iki bocah
wadon! Ora patut bocah wadon kok dolanane obong-obongan. Lah ngono! Sakarepmu
bae. Tapi angger ana apa-apa aja njaluk tulung karo aku! Sing penting aku wis
ngandani koe, Ndo!”. Akhire aku balik ming kebon lan ngandani batir-batirku
supaya aja dolanan obong-obongan.
Batirku pada ngeyel, lan ora ngrungukna
omonganku. Akhire, aku melu-melu bae dolanan nang kebon. Aku di kongkon neng
batirku sing jenenge Dani supaya njukut korek nang ngumah, aku manut lan aku
njukut korek nang ngumah. Batirku sing liyane, pada ngumpulna runtahan lan ana
sing mbedul wit budin. Budine arep di bakar terus di pangan bareng-bareng.
Barang ora kawit suwe, batirku sing jenenge
Afi ngeduk lemah nggo wadah runtah sing arep di bakar. Bar kuwe runtah lan
budin di lebokna nang lemah sing wis di keduk mau. Batirku sing jenenge Adit
arep ngurubna geni lan Dea nyuntek lenga latung nang runtahan mau. Geni murub
gede pisan, lan ati ku wis trataban mbokan kebone Mbah ku kebakaran. Aku mlayu
njukut ember nang ngumah lan aku ming blumbang sing akeh banyune, niate aku
arep mateni genine.
Niat apikku malah salah tanggap. Awakku
sing esih cilik nggawa ember gede sing isine benyu kebek malah kepaduk tiba.
Aku tiba persis nang ngarep obong-obongan runtah. Aku tiba gegerku sing
nggletak nang duwur geni. Klambiku kebakar, untunge batirku langsung nggered
aku ming blumbang. Aku di jorogna tiba ming blumbang, untunge geni sing maune
mbakar klambiku langsung bae mati. Angger ora tulih gegerku geseng gara-gara ke
obong geni.
Aku bali ming ngumah ora nganggo klambi,
amarga klambiku ke obong mburine. Aku di takoni nang biyunge “Ndo, klambimu
maring endi toh? Terus ngapa awakmu teles kabeh?” Aku ora njawab mung
prangas-prenges tok. Aku langsung adus mbersihna awakku. Sabubare adus aku
ndeleng batir-batirku lagi ngobrol karo wong tuwaku.
Atiku tambah trataban mbokan aku de domeih. Aku kon njagong
karo biyungku, akhire aku njelasna apa sing tes kedadean. Biyungku ngandani,
angger bocah wadon kuwe ora patut dolanan sing kaya kue. Sabubare kedadeyan
kuwi, aku janji karo awakku angger aku ora bakal dolanan sing bisa ngrugeni
awake dewek.