Senin, 24 Februari 2014

Contoh Pengalaman Pribadi menggunakan Bahasa Jawa



MEH BAE, GEGER KU GESENG

        Mbiyen, umurku esih 8 taun. Aku duwe batir sebrayan jenenge, Afi, Wulan, Sekar, Dani, Adit lan Dea. Aku karo batir-batirku iku angger dolan neng kebone Mbah ku dewek. Angger wis nang kebon, ana bae sing gawe masalah. Ana sing ngrusaki tanduran budin, ana sing penekan neng wit jambu la nana sing mbakari runtah godong garing. Mbah ku wis ngandani, angger lagi panas-panas aja mbakari godong garing nang kebon mbokan kebone kebakaran.
        Lah, jenenge bae bocah cilik dikandani angger dereng di gentak nang wong tuwane dewek ya pada ra peduli. Dina kuwi dina Setu sore, aku lan kanca-kancaku niate arep dolanan obong-obongan nang kebon. Nanging batirku sing jenenge Wulan ngandani, angger arep dolanan obong-obangan aku kon njaluk ijin disit karo Mbah ku. Sedurunge, aku ora gelem, aku wedi mbokan di domeih karo Mbah ku. Nanging batirku liyane meksa aku kon njaluk ijin, akhire aku gelem.
        Pas wis gutul nang ngarep lawang umah Mbahku, aku ora wani aku gemeteran meh bae aku ngompol. Akhire Mbah ku ndeleng aku sing lagi nang njaba umah, Mbah ku takon “Ono opo toh, ndo? Ora kaya biasane koe ming umah Mbah mu?”. Akhire aku nerangna angger aku arep njaluk ijin dolanan obong-obongan nang kebon. Mbah ku ngandani aku “Ndo, koe iki bocah wadon! Ora patut bocah wadon kok dolanane obong-obongan. Lah ngono! Sakarepmu bae. Tapi angger ana apa-apa aja njaluk tulung karo aku! Sing penting aku wis ngandani koe, Ndo!”. Akhire aku balik ming kebon lan ngandani batir-batirku supaya aja dolanan obong-obongan.
        Batirku pada ngeyel, lan ora ngrungukna omonganku. Akhire, aku melu-melu bae dolanan nang kebon. Aku di kongkon neng batirku sing jenenge Dani supaya njukut korek nang ngumah, aku manut lan aku njukut korek nang ngumah. Batirku sing liyane, pada ngumpulna runtahan lan ana sing mbedul wit budin. Budine arep di bakar terus di pangan bareng-bareng.
        Barang ora kawit suwe, batirku sing jenenge Afi ngeduk lemah nggo wadah runtah sing arep di bakar. Bar kuwe runtah lan budin di lebokna nang lemah sing wis di keduk mau. Batirku sing jenenge Adit arep ngurubna geni lan Dea nyuntek lenga latung nang runtahan mau. Geni murub gede pisan, lan ati ku wis trataban mbokan kebone Mbah ku kebakaran. Aku mlayu njukut ember nang ngumah lan aku ming blumbang sing akeh banyune, niate aku arep mateni genine.
        Niat apikku malah salah tanggap. Awakku sing esih cilik nggawa ember gede sing isine benyu kebek malah kepaduk tiba. Aku tiba persis nang ngarep obong-obongan runtah. Aku tiba gegerku sing nggletak nang duwur geni. Klambiku kebakar, untunge batirku langsung nggered aku ming blumbang. Aku di jorogna tiba ming blumbang, untunge geni sing maune mbakar klambiku langsung bae mati. Angger ora tulih gegerku geseng gara-gara ke obong geni.
        Aku bali ming ngumah ora nganggo klambi, amarga klambiku ke obong mburine. Aku di takoni nang biyunge “Ndo, klambimu maring endi toh? Terus ngapa awakmu teles kabeh?” Aku ora njawab mung prangas-prenges tok. Aku langsung adus mbersihna awakku. Sabubare adus aku ndeleng batir-batirku lagi ngobrol karo wong tuwaku.
        Atiku tambah trataban mbokan aku de domeih. Aku kon njagong karo biyungku, akhire aku njelasna apa sing tes kedadean. Biyungku ngandani, angger bocah wadon kuwe ora patut dolanan sing kaya kue. Sabubare kedadeyan kuwi, aku janji karo awakku angger aku ora bakal dolanan sing bisa ngrugeni awake dewek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar